I. Wangsulana
pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha (X) ing aksara A, B, C,
D, utawa E!
1.
Mingkar – mingkuring angkara
Akarana
karanan mardi siwi
Sinawung
resmining kidung
Sinupa
sinukarta
Mrih
ketarta pakartining ngelmu luhung
Kang
tumrap ing tanah Jawa
Agama
agenging aji
Guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu tembang macapat wonten nginggil inggih menika ....
A.
7
gatra, 8a, 10i, 8u, 6a, 12u, 8a, 8i D.8gatra, 12u, 8a,
11i,8a,7u,12u,8a,8i
B.
7
gatra, 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a,8i E.
7gatra 7a, 8u, 6a, 12u, 8a, 8i, 8a
C.
8
gatra, 12u, 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
2. Tembang macapat kang biasa diginakaken
kangge cangkriman inggih menika ....
A.
Pocung D.
Kinanthi
B.
Sinom E.
Pangkur
C.
Maskumambang
3. Mlakune
ginenjot suku
Ginayuh
rosa lumaris
Kinanthenan
bel nggo tandha
Angsang
mapane ing wuri
Mangka
piranti momotan
Lampu
berko mlampah wengi
Bab kang diandaraken tembang mcapat
wonten inggil inggih menika ....
A. sepedha D.
dhokar
B. bendhi E.
becak
C. mobil
4.
Pitakon
angka 3 menika tembang macapat ....
A. Pocung D.
Kinanthi
B. Durma E.
Pangkur
C. Dhandhanggula
5.
Tembang
macapat kang cacahipun gatra paling kathah inggih menika ....
A. Pocung D.
Kinanthi
B. Durma E.
Pangkur
C. Dhandhanggula
(Tembang
Macapat kangge mangsuli pitakenan angka 6 - 10)
Yogyanira
kang para prajurit
Lamun
bisa sami anuladha
Kadya
nguni caritane
Andhelira
sang prabu
Sasrabahu
ing Maespati
Aran
patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang
ginelung tripakara
Guna
kaya purun ingkang den antepi
Nuhoni
trah utama
6.
Tembang
macapat ing dhuwur nduweni paugeran ....
A.
8a,8i,8a,8i,
7i, 8a, 7a, 8i, 12a D.
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
B.
12a,
7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a E.
10i, 6 o, 10e, 10i, 6i, 6u
C.
10i,
10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
7. Menawi dititi saking guru gatra, guru
wilangan, lan guru swaranipun, tembang macapat wonten nginggil dipunsebat ....
A. Pocung D.
Dhandhanggula
B. Kinanthi E.
Pangkur
C. Durma
8. Tema tembang wonten nginggil inggih menika ....
A.
paprangan D.
kaendahan
B.
kaprawiran E.
kanugrahan
C.
kasedhihan
9.
Pawongan
kang kacariyosaken wonten tembang macapat wonten nginggil inggih menika ....
A. Maespati D.
Patih Suwanda
B. Prajurit E.
Arjuna Sasrabahu
C. Trah utama
10. Tembang macapat wonten inggil kapacak
wonten serat ....
A. Tripama D.
Centhini
B. Wedhatama E.
Kalathida
C. Wulangreh
11. Menika ingkang boten kalebet ancasipun
pidhato inggih menika ....
A. maringi informasi D.
ngajak – ajak
B. hiburan E.
panglipur
C. kurmati tiyang sepuh
12. Pidhato kang wosing tema kepahlawanan
menika limrahipun saged ....
A. nuwuhake greget D.
mboseni
B. narik kawigaten E.
aweh panglipur
C. aweh katrangan
13. Sikep sarira tuwin pasuryan ingkang
kedah dipungatosaken nalika sesorah utawi pidhato inggih menika ....
A. jumeneng kanthi lelambaran sikil
setunggal
B. asring ngobahaken satunggaling bageyan
sarira
C. sakedhik – sakedhik mirsani cathetan
D. mbesengut utawi suntrut
E. jumeneng kanthi raos kapitadosan dhiri
14.
... Ingkang pantes sinudarsana Bapak
saha Ibu guru, ingkang kinurmatan bapak saha ibu staff karyawan, para kadang
werdha mudha siswa SMK Bhakti Kudus ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin
sumangga kula panjenengan sedaya tansah ngunjukaken puji pujiastuti dumateng
Gusti akarya jagad....
Pethilan sesorah wonten nginggil
menika dipunsebat ....
A.
wasana
basa D.
surasa basa
B.
pangarep
– arep E.
purwaka basa
C. dudutan
15. ....
jiwa lan semangat 10 November taksih wonten ing jajaning bangsan Indonesia
kangge mbangun negari kanthi unen – unen “Sepi ing pamrih rame ing gawe”.
Kathah para penjuang ingkang ndhepani bantala mbela bangsa lan negari kangge
putra lan putu ing tembe....
Tegese unen – unen kang kacithak
miring inggih menika ....
A. nindakake tumindak ala kanthi
kongkonan
B. keplayu saka tanggung jawab
C. rukun nganti tekane pati
D. tumandang gawe tanpa rasa melik
E. tandang tanduke tansah ngati - ati
16. Pethilan sesorah pitakenan angka 16 menika
diginakake kangge pengetan ....
A. Hari Pendidikan Nasional D.
Hari Kartini
B. Hari Pahlawan E. Hari
buruh
C. Hari Pancasila
17. ..... Pramila kita kedah ndherek
nyengkuyung program pamerintah ingkang arupi “pembangunan”. Menawi para
pahlawan kala semanten berjuwang mbudidaya mujudaken kamardikaning negari.
Kamangka kita sesarengan kedah berjuwang mbudidaya mujudaken masyarakat ingkang
adil makmur, gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta raharja ....
Wosing pethilan surasa sambutan wonten
inggil inggil menika ....
A. pangajak supados nyengkuyung program
pamerintah ingkang arupi “pembangunan”
B. pangarep arep supados saged mujudaken
masyarakat kang adil makmur
C. pangajak supados saged gesang adil
makmur
D. pangarep – arep supados negari menika
gemah ripah loh jinawi
E. pangajak berjuwang kados para pahlawan
18. ... Sampun cetha bilih pemudha menika
nggadhahi peran ingkang wigatos sanget tumrap pembangunan. Jaya lan risakipun
negari gumantung pemudhanipun. Mila wonten kalodhangan menika kula ajak para
mudha sedaya mangga kita bangun negara kita. Kita isi kamardikan mawi sinau,
brasta kebodoohan, brasta kamurkan...
Wosing surasa sambutan menika ....
A. jaya risakipun negari gumantung para
pamudhane
B. pemudha nggadhahi peran kangge ngisi
kamardikan
C. pemudha kedah mbrantas kamurkan
D. pemudha kedang mbangu negari
E. pemudha kedah saged mbrantas kebodohan
19. Lelagon ingkang piranti musikipun
campuran antawisipun gamelan lan piranti musik modern dipunwastani ....
A. campursari D.
tembang dolanan
B. langgam E.
tembang macapat
C. gendhing
20. Ingkang boten kalebet penyanyi
campursari inggih menika ....
A. Manthous D.
Waljinah
B. Nur Hana E.
Sundari Sukoco
C. Cak Diqin
21.
Mas mas mas
aja dipleroki
Mas mas mas aja dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
Tingkah lakumu kudu ngerti cara
Aja ditinggal kapribaden ketimuran
Mengko gek keri ing jaman
Mbokya sing eling eling bab apa iku budaya pancene
bener kandhamu
Wosing tembang campursari wonten
nginggil inggih menika ....
A. Wong kang ora ketinggalan majuning
jaman
B. Wong wadon kang kepengin ditresnani
C. Pesen marang wong kang keblinger dening
kabudayan manca kang ora trep marang kabudhayane dhewe
D. Wong kang kagiles era globalisasi
E. Wong kang tumindhake ora trep
22. Wacana kang kagungan ancas supados
tiyang tumindak jumbuh kaliyan ingkang dipunkarepaken dening ingkang ngendika
dipunwastani wacana ....
A.
narasi D.
argumentasi
B.
deskripsi E.
persuasi
C.
eksposisi
23. Ingkang boten kagolong wujudipun wacan
persuasi inggih menika ....
A.
propaganda D.
iklan
B.
cerita
cerkak E.
selebaran
C.
pidhato
24. Mugi – mugi kanthi wontenipun acara
halal bihalal menika ngemutaken kita sedaya tansah tumindak ingkang sae dateng
sesami, ajen - ingajen, tresna
tinrestanan ing antawisipun ingkang mudha dateng tiyang sepuh utawi sesami para
mudha.
Perangan tanggap wacana ing nginggil
dipunwastani ....
A. salam pambuka D. pangarep
- arep
B. purwaka basa E.
pangajak
C. surasa basa
25. ... Kula kinten kirang wicaksana
menawi atur kula kathah – kathah, pramila cekap semanten anggen kula matur ...
Pethilan sesorah wonten nginggil
menika dipunwastani ....
A. purwaka basa D.
dudutan
B. surasa basa E.
pangarep – arep
C. wasana basa
26. Perkawis ingkang dados underaning
sesorah dipunserat wonten naskah pidhato perangan ....
A. salam pambuka D.
dudutan
B. purwaka basa E.
wasana basa
C. surasa basa
27. Ngendikan wonten ngajengipun tiyang
kathah ingkang nggadhahi ancas kangge ngutarakaken pikiran dipunwastani ....
A. pidhato D.
nyanyi
B. nembang E.
ngaji
C. deklamasi
28. Ibu :
“Sangune wis durung Nik?”
Anik :
“Menika bu, kula sampun dicaosi arta Bapak.”
Ibu :
“Tembungmu salah Nik, coba ayo benerna!”
Anik :
“...................................”
Wangsulane Anik kang trep miturut
unggah – ungguh basa inggih menika ....
A.
“Menika
Bu, kula sampun dipunparingi arta Bapak.”
B.
“Menika
Bu, kula sampun dipuncaosi dhuwit Bapak.”
C.
“Menika
Bu, aku sampun diparingi arta Bapak.”
D.
“Menika
Bu, kula sampun diwenehi arta Bapak.”
E.
“Menika
Bu, aku sampun diwenehi Bapak.”
29. X : “Menapa panjenengan ... kalender
2015?”
Y : “ Ngapunten kula boten mbekta.”
Tembung kang trep kangge njangkepi
pacelathon wonten nginggil inggih menika ....
A.
mbekta D.
mendhet
B.
nggawa E.
mundhut
C.
ngasta
30. Ukara wonten ngandhap menika unggah –
ungguhipun leres, kejawi ....
A. “Bu, menapa kula pikanthuk dherek bu?”
B. “Menawi saged kula nyuwun wekdale
sekedhap kangge ngendika kaliyan panjenengan.”
C. “Kula boten sarujuk menawi tiyang
dhahr menika kaliyan jumeneng lan ngendikan.”
D. “Le, coba golekana layang uleme saka
nggone Pak Kardi!”
E. “Pak, nyuwun pangapunten menawi atur
kula kala wau lepat.”
31. Pak Guru : “Gus, omahmu ngendi kok mlaku? Wis kene
bareng Bapak wae.”
Bagus :
“.......................................................................................................”
Wangsulane Bagus ingkang trep inggih
menika ....
A.
“Griya
kula Prambatan, boten Pak kula lingsem kaliyan panjenengan Pak.”
B.
“Dalem kula Prambatan Pak, matur nuwun kula
tindak kemawon.”
C.
“Griya
kula Prambatan Pak, benjang kemawon.”
D.
“Griya
Kula Prambatan Pak, nggih matur nuwun kula numpak bis kemawon.”
E.
“Dalem kula Prambatan Pak, nggih kula sareng
panjenengan kemawon.”
32. Gagasan ingkang dados inti/pokok
paragrap dipunwastani ....
A.
gagasan
utama D.
deduktif
B.
gagasan
panjlentreh E.
induktif
C.
gagasan
langsung
33. Gagasan kang njlentrehaken gagasan
utama ingkang wonten paragrap dipunwastani ....
A.
gagasan
utama D. deduktif
B.
gagasan
panjlentreh E.
induktif
C.
gagasan
langsung
34. Paragrap ingkang gagasan pokok wonten
ing pungkasaning paragrap dipunwastani paragrap ....
A.
narasi D.
deduktif
B.
eksposisi E.
induktif
C.
deskripsi
35. Kanggo nyegah ngrembakane penyakit
polio, pamerintah sumedya nggiyatake meneh Posyandu lan PKK kang kondhang
nalika orde baru. Nanging saiki rada kasilep sawise reformasi. Kanthi program
kasebut diajab ibu – ibu melu tumandang mbrasta wabah penyakit polio sing bisa
nemahi tiwas.
Nitik saking ukara utama, paragrap
kalebet paragrap ....
A.
deduktif D.
naratif
B.
induktif E.
deskriptif
C.
interaktif
36. Mikul dhuwur mendhem jero nggadhagi
teges ....
A.
saged
njagi asmane tiyang sepuh lan mbeber kekiranganipun
B.
saged
mbeber kekiranganipun kulawarga
C.
njagi
asmane tiyang sepuh lan boten mbeber kekiranganipun
D.
saged
njunjung dhuwur tiyang sepuh
E.
saged
bandhaning tiyang sepuh
37. Dadi wong kuwi mbok aja kakehan janji
kasuguhan, nanging ora ana kasunyatane. Bebasane ....
A.
kakehan
gludhug kurang udan D. gegedhen empyak kurang cagak
B.
kakehan
udan kurang gludhug E.
amba godhonge cilik uwite
C.
sumur
lumaku ditimba
38. Seni tradisi wekdal menika sampun
boten pikanthuk panggenan wonten manahipun para pemudha, kamangka seni tradisi
menika semesthi kedah ....
A.
dilirwakake D.
ditinggal
B.
dilestarekake E.
dikurangi
C.
diilangke
39. Tradisi ruwatan dumugi samenika taksih
diginakaken dening piyayi Jawi, minangka sarana ngluwari saha nyuceni manungsa
awit saka dhosa ugi kalepatanipun ingkang anjalari nandhang ....
A.
prihatian D.
sukerta
B.
asmara E.
cintraka
C.
nelangsa
40. Ngruwat tegesipun nyingkiri sawijining
kasusahan batin kanthi cara ngawontenaken pagelaran utawi ritual kanthi sarana
wayangan ingkang mendhet cariyos lakon ....
A.
marakala D.
mangsakal
B.
murwakala E.
sangkakala
C.
candhiala
~~
Sugeng Makarya ~~
Tidak ada komentar:
Posting Komentar