MID GASAL BAHASA JAWA KELAS X 2015
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing
ngisor iki kanthi menehi tandha (X) ing aksara A, B, C, D utawa E kang dianggep
bener!
Wacan kanggo pitakonan
angka 1 – 4
|
Wonten ing Dhukuh
Sumber, Trenggeles-Kudus wonten satunggaling sendhang ingkang aran
Sendhang Sumber. Saben bada kupat
kathah tiyang sami tindak ing Sendhang Sumber bekta kupat lan lepet saperlu
paring tetedan bulus-bulus wonten ngriku. Kala rumiyin wonten ing sendhang
menika pancen kathah bulusipun. Cariyosipun bulus menika tiyang ingkang
dipunsapatani Kanjeng Sunan Muria. Cariyosipun, rikala srengenge sampun angslup Sunan Muria nglangkungi dhukuh
Sumber, mireng swanten krubyak-krubyuk ing salebeting toya. Sunan Muria nyuwun pirsa marang santrine,
santrinipun matur menawi swanten menika tiyang ndhaut. “O..tak kira swara
bulus.” ngendikanipun Sunan. Tiyang-tiyang ingkang ndhaut menika sanalika
dados bulus. Lajeng sami getun amargi tansah nyambut damel ngantos kesupen
wekdal saha ngibadah. Para bulus sami nyuwun ngapunten ananging menika boten
saged ndadosaken manungsa malih.
|
1.
Kenging
menapa tiyang ndhaut kala wau dados bulus?
A.
nyambut
damel ngantos kesupen wekdal lan ngibadah. D.
wisuh wonten saben.
B.
nyambut
damel kangge kulawarganipun. E.
dolanan toya wonten ing saben.
C.
nyambut
damel wonten saben.
2.
Wonten
wekdal menapa Sunan Muria kepanggih tiyang ndhaut menika?
A.
esuk D.
subuh
B.
wulan
syawal E.
surup
C.
awan
3.
Pitutur
luhur menapa ingkang saged dipunpendhet wonten wacan menika?
A.
Kedah
nyambut damel ingkang tumemen D.
aja lali karo sanak.
B.
kudu
nyambut gawe. E.
kudu nyambut gawe kanggo anak bojo.
C.
Ampun
kesupen wekdal ngibadah sanajan nembe nyambut damel.
4.
Rikala
srengenge sampun angslup Sunan Muria
nglangkungi dhukuh Sumber, ing satengahing sabin mireng swanten krubyak-krubyuk
ing salebeting toya. Tembung sing kacithak miring kuwi padha karo....
A.
medal D. mendhung
B.
panas E. mlebet
C.
surut
Wara
– wara kangge pitakenan angka 5 – 8
|
Wara – wara
Panitia
lomba Cerita Cerkak tingkat SMK nganakake lomba nulis Cerkak
Tema : Wigatine olahraga kanggo njaga
kasarasan
Peserta
: Siswa SMK, kabutekake mawa fotocopy Kartu Pelajar
Syarat :
1.
isi karangan jumbuh karo tema
2.
karangan kudu asli, dudu terjemahan, sadhuran, utawa
njupuk ide saka karya sing wis tau ana
3.
karangan durung tau dieloke lomba utawa dimot ing media
massa
4.
dawane tulisan watara 1000-1300 tembung
5.
tulisan dikirim rangkep loro, menyang panitia lomba
alamat kantor Dinas Pendidikan Kab. Kudus, lomba dibuka tanggal 1 November
lan ditutup tanggal 20 November 2015 cap pos
Hadiah : Juara I Rp. 1.000.000,- ; Juara II Rp
750.000,- ; Juara III Rp 500.000,-.
Kudus,
5 Oktober 2015
Ketua Panitia
Ahmad, S. Pd
|
5.
Wara
– wara wonten nginggil katujokaken marang ....
A.
siswa
SMK Negeri D.
siswa SMA negeri
B.
siswa
SMK E.
siswa SMK swasta
C.
siswa
SMA
6.
Kang
boten kalebet syaratipun dherek lomba ngarang cerkak inggih menika ....
A.
isi
karangan bebas D.
dipun kintun rangkep kalih
B.
panjangipun
seratan 1000 – 1300 tembung E.
asli seratan piyambak
C.
dereng
nate dipundherekake lomba
7.
Karangan
cerkak menika dipunkintunaken mawi ....
A.
email D.
wesel
B.
dipun
aturaken langsung E.
facebook
C.
pos
8.
Sinten
ingkang ngawontenaken lomba nyerat cerkak menika?
A.
SMK
se kabupaten Kudus D.
Dinas pendidikan kab Kudus
B.
Ahmad,
S. Pd. E.
OSIS SMK
C.
Media
massa
Wacan kangge pitakenan
angka 9 - 12
|
Dinten Ahad wingi kula, Budi kaliyan
Ahmad sholat Jum’at wonten Mesjid Jami’ Baitunnur. Sabubaripun sholat, kula
sakanca dolan menyang Sendang Sani. Wonten ngrika kula kaliyan kanca-kanca
nglangi wonten kolam renang salebetipun Sendang Sani. Kanca-kanca sami seneng
sanget amargi sampun dangu boten ngraosaken toya wonten kolam renang ingkang
seger. Amargi wekdal sampun wayah Asar, lajeng kula kaliyan kanca-kanca
mentas saking kolam renang kasebut. Ananging sakderengipun wangsul wonten
griya piyambak-piyambak, kula lan kanca-kanca mampir rumiyin dateng Pintu
Gerbang Majapahit ingkang boten tebih saking Sendang Sani. Pintu Gerbang
Majapahit menika peninggalanipun rikala jaman Keraton Majapahit rumiyin.
|
9.
Saking
waosan wonten nginggil, ukara ingkang leres inggih menika?
A.
Kula
kaliyan kanca-kanca sabubaripun sholat Jum’at dolan dateng Majapahit.
B.
Kula
kaliyan kanca-kanca sabubaripun sholat Jum’at dolanan dumugi Asar.
C.
Kula
kaliyan kanca-kanca saderengipun sholat Jum’at nglangi wonten Sendang Sani.
D.
Kula
kaliyan kanca-kanca sabubaripun sholat Jum’at nglangi wonten Majapahit.
E.
Kula
kaliyan kanca-kanca saderengipun sholat Jum’at nglangi wonten Sendang Sani.
10. Saking waosan wonten nginggil, kagiyatan
menapa ingkang dipunlampahi tokoh “kula” wonten ing Sendang Sani?
A.
Nglangi D. Nyanyi
B.
Njagong E. Sholat
C.
Ngopi
11. Saking waosan wonten nginggil, dolan
wonten pundi tokoh “kula” sakderengipun mampir wonten Pintu Gerbang Majapahit?
A.
Masjid
Jami’ Baitunnur D. Tlogowungu
B.
Majapahit E. Kraton Majapahit
C.
Sendang
Sani
12. Pintu gerbang Majapahit miturut waosan
wonten nginggil peninggalanipun saking keraton pundi?
A.
Demak D. Mataram
B.
Mataram
Islam E.
Majapahit
C.
Singasari
Pacelathon
kangge pitakenan angka 13 – 16
|
Dimas : “Sugeng siyang, Pak Ahmad….”
Pak Ahmad : “Owalah… Dimas. Kok njanur gunung dolan mrene?”
Dimas : “Mekaten, Pak. Kula namung badhe
ngaturi pirsa bilih Herman putranipun Bapak kaliyan Heru kala wau dhawah
saking motor. Samenika piyambakipun wonten ing griyanipun Mas Haris. Pak.”
Pak
Ahmad : “Astagfirullah, Ya wis aku
taknyusul mrana. Matur nuwun ya wis menehi ngerti. Kowe baliya sik”
Dimas : “Inggih, Pak. Sami-sami. Menawi
mekaten, kula pamit rumiyin badhe ngaturi pirsa dhateng Bapakipun Heru.”
|
13.
Pacelathon ing nginggil ngrembag babagan menapa?
A.
Ngaturi pirsa bilih putranipun Pak Ahmad
samenika numpak motor.
B.
Dimas ngaturi pirsa dhateng bapakipun Herman
wonten ing griyanipun Mas Hardi.
C.
Dimas ngaturi pirsa dhateng bapakipun Ahmad
bilih Herman kaliyan Haris tiba saka motor.
D.
Dimas gaturi pirsa bilih putranipun Pak Ahmad,
Herman samenika wonten ing griyane Mas Haris amargi dhawah saking montor.
E.
Pak Ahmad ngaturi pirsa dhateng bapake Haris
bilih Herman tiba saka motor.
14.
Pacelathon ing nginggil kadadosan wonten ing
….
A.
dalemipun pak Ahmad D. bengkel montor
B.
dalan ngarep omahe Heru E. griyane Dimas
C.
griyanipun Haris
15.
Miturut pacelathon ing inggil, prastawa pundi
ingkang leres?
A.
Bapake Ahmad dereng ngertos bilih putrane
dhawah saking motor.
B.
Putrane Pak Ahmad karo Heru samenika wonten
ing griyane Mas Haris.
C.
Herman boten dhawah saking motor amargi nembe
ngaturi pirsa Pak Ahmad.
D.
Pak Ahmad tindak dhateng griyane Dimas supaya
kepanggih karo Herman.
E.
Pak Ahmad boten purun manggihi Herman.
16.
Owalah… Dimas. Kok njanur gunung dolan mrene?”. Janur gunung batangane ....
A.
golek D.
kadingaren
B.
kembang aren E.
mbesengut
C.
aja lali
17. Damar mancung mas, cinupet semene
dhisik. Wujud basa kuwi diarani ....
A.
paribasan D.
bebasan
B.
parikan
E. wangsalan
C.
cangkriman
18. Manuk emprit, nucuk pari. Dadi murid,
sing taberi. Parikan kasebut kadadeyan saka ... wanda
A.
(4
+ 5) x 2 wanda D.
(4 + 8) x 2 wanda
B.
(4
+ 4) x 2 wanda E.
(8 + 8) x 2 wanda
C.
(4
+ 6) x 2 wanda
19. Ing ngisor iki kang dudu ciri-cirine
parikan yaiku ....
A.
kadadeyan
saka rong ukara.
B.
dhapukane
nganggo purwakanthi guru swara.
C.
saben
saukara kadadeyan saka telung gatra.
D.
saben
sagatra isi patang wanda utawa wolung gatra.
E.
ukara
kapisan minangka pambuka, ukara kapindho minangka wos utawa isi.
20. Nyangking ember kiwa tengen
.................................................
Isi
parikan ing dhuwur kang trep yaiku ....
A.
lungguh
jejer tamba kangen D.
nandur pari dipangan walang
B.
mangan
lemper ing cedhak kalen E.
sapi ucul mangan suket
C.
sapa
jujur bakal makmur
II. Wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1.
Apa
kang diarani cerita rakyat kuwi?
2.
Coba
sebutna cerita rakyat kang ana ing tlatah Jawa!
3.
Coba
sebutna perangan – perangan seseorah!
4.
Apa
kang diarani parikan kuwi?
5.
mangan
tahu, luwih enak campur petis
..............................................................
Coba
gaweya apa isi/teges parikan ing dhuwur!
6.
Gaweya
tuladha parikan kan kadadeyan saka 4 + 4 wanda x 2!
7.
Apa
kang diarani wangsalan kuwi?
8.
Apa
batange wangsalan iki!
-
Jenang
gula, kowe ........... welingku!
-
Roning
mlinjo, sampun sayah nyuwun ........
9.
Pengalaman
pribadhi kuwi ana sing seneng lan susah, coba critakake pengalamanmu sing
seneng saparagrap wae!
10. Owahana ukara ing ngisor iki kanthi
unggah-ungguh kang trep!
-
Bapak
lunga menyang kantor numpak montor
J Sugeng Makarya J
MID GASAL 2015 BAHASA JAWA KELAS XI
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing
ngisor iki kanthi menehi tandha (X) ing aksara A, B, C, D utawa E kang dianggep
bener!
Geguritan kangge
pitakenan angka 1 – 2
|
Gatekna pratelan
geguritan ing ngisor iki!
Akeh
padha gegampang, nglakoni urip
Ora
taliti anggone kekancan
Pasawangane mung kasenengan
Tansah
nuruti kekarepan kang awon
Padha
ngudiya ilmu tata krama
Kanggo
sangu ing kauripan mengko
Slamet
donya tekan akherat mengko
|
1.
Geguritan
ing dhuwur ngemu piweling tumrap para mudha supaya ....
A.
aja
gampang gumun D. aja kebak bebendhu
B.
aja
gampang kena godha E. ngudi ilmu tata krama
C.
aja
ngungun mundhak getun
2.
Padha ngudiya ilmu tata krama. Tembung
kang kacithak kandhel kuwi tegese ....
A.
golek D. maca
B.
nglakoni E. sinau
C.
sekolah
|
Bu Nyai, rambutmu dipotong poni
Kojahmu, beda biyen beda saiki
Dhih, apa kersa sampeyan mbukani
dina – dina nganggo cangkriman?
|
3.
Saka
pratelan geguritan “Bu Nyai” ing dhuwur, kojahmu tegese ....
A.
pamikirmu D.
omahmu
B.
ceritamu E.
jamanmu
C.
anggonmu
4.
Ing
ngisor iki minangka titikane/ciri – ciri geguritan gagrak anyar yaiku ....
A.
nengenake
tembung – tembung kang mentes lan endah
B.
cacahing
larik wis ditemtokake
C.
wanda
saben larik cacahe ana wewatone
D.
menawa
geguritan luwih sapadha, mawa pambuka Sun anggegurit
E.
cacahing
gatra ajeg
5.
Ing
ngisor iki kalebu titikane geguritan gagrak lawas kejaba....
A.
cacahing
gatra ajeg
B.
cacahin
wanda saben sagatra, ing dalem sapada padha
C.
cacahing
gatra ora padha
D.
menawa
geguritan luwih sapada, mawa pambuka Sun Anggegurit
E.
dhong
– dhinge swara saben pungkasaning gatra awujud purwakanthi guru swara
6.
“Puji
syukur langkung rumiyin sumangga kita aturaken dhumatheng Gusti ingkang Maha
Asih, awit saking paringipun rahmat saha berkahipun ....”. ukara kasebut kalebu
perangan tanggap wacana bab ....
A.
salam
pambuka D.
surasa basa
B.
purwaka
basa E.
pangarep – arep
C.
wasana
basa
7.
Sing
ora kalebu ancase pidhato yaiku kanggo aweh ....
A.
pangerten D.
panglipur
B.
daya
pangaribawa E.
duka
C.
informasi
8.
Ingkang
prelu dipungatekaken nalika pidhato inggih menika, kejaba ....
A.
ngadeg
jejeg kanthi kapitayan. D. ulate mbesengut
B.
bisa
njumbuhake marang kahanan lan suasana E.
swara sero supaya kabeh krungu.
C.
wiramaning
swara kepenak dirungokake.
9. Undheraning rembag ingkang kababar ing sesorah
dipunsebut minangka…
A. salam D. pambagya kawilujengan
B. wosing gati/ wicara E. panuwun
C. atur syukur
10. “Kanthi
rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal punika
kita sedaya saged manunggal pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng
nir ing sambikala.” minangka
....
A. salam D. atur syukur
B. atur pambagyaharja E. wosing wicara
C. pangajeng-ajeng
11. Ing ngisor iki tatacara kang kudu
digatekake nalika nganakake wawan rembug, kejaba....
A.
nggatekake
tata laksanane wawan rembug D.
miwiti wawan rembug kanthi salam
B.
migunakake
basa kang sopan E.
nggawe kisruh ana ing wawan rembug
C.
pandelenge
tumuju marang nara sumber
12. Babagan kang prelu digatekake
sadurunge nindakake wawancara, kejaba ....
A.
nemtokake
topik wawancara D.
nemtokake tujuan
B.
nemtokake
pitakon – pitakon E. nemtokake sapa narasumbere
C.
nemtokake
sapa takon
(Wacan kagem pitakenan angka 13 - 15)
|
Zaenal : “Tepangaken kula menika Zaenal,
kula diutus bu guru wawanrembag kaliyan Bapak. Menapa leres asmanipun Bapak
menika Joko Hadiwijaya ingkang kondhang kanthi asma Joko edan?”
Pak
Joko : “oh ngoten, Inggih menika
panci leres, nama lahir menika Joko Hadi Wijaya ananging sasampunipun dados
dhalang menika langkung kondhang kanthi nama Joko Edan.”
Zaenal :
“........................................................” (13)
Pak
Joko : “Kula dados dhalang
menika awit umur 20 taun.”
Zaenal
:
“.........................................................” (14)
Pak
Joko : “Kula nggih rumiyin bingung
Mas, kok bisa kula diwastani edan. Padahal kula nggih waras hahahaa. Jebul
amargi nalika nyabetaken wayang menika kados wong edan sakarepe dhewe.
Hahaaa.”
Zaenal : “ancas utawi tujuan
dipunwontenaken pagelaran wayang napa Pak?”
Pak
Joko : “pagelaran wayang kuwi
bisa dadi tontonan lan tuntunan. Umumipun pancen dados tontonan, ananging
nggih dados tuntun ugi amargi sajroning cerita wayang kuwi wonten piwulang
kang saged dipunpendhet.”
Zaenal : “ Matur nuwun nggih pak sampun
kersa dados narasumber.”
Pak
Joko : “Nggih sami-sami, menawi
badhe taken-taken babagan pagelaran wayang, mriki kemawon.”
|
13. Ukara kang trep kangge njangkepi titik
- titik ing dhuwur yaiku ....
A.
“Wiwit
kapan Bapak menika dados dhalang?”
B.
“Sampun
pinten tau Bapak menika dados dhalang?”
C.
“Pinten
cacahipun wayang ingkang dipungunakake saben pagelaran wayang?”
D.
“Dhalang
sinten igkang dados idola Bapak?”
E.
“Menapa
Bapak kagungan kekarepan supados putranipun dados dhalang ugi?”
14. Pitakonan kang trep kanggo jangkepi
wawancara ing dhuwur yaiku ....
A. “Wiwit kapan Bapak menika dados
dhalang?”
B. “Sampun pinten tau Bapak menika dados
dhalang?”
C. “menawi sindhen menika setunggal paket
kaliyan dhalang, pangrawit boten pak?”
D. “kenging menapa kok panjenengan
pikanthuk julukan Joko Edan?”
E. “Menapa Bapak kagungan kekarepan
supados putranipun dados dhalang ugi?”
15. Wawanrembug ing dhuwur antarane ....
A.
Dhalang
karo putrane D. Murid karo guru
B.
Dhalang
karo murid E.
Guru karo dhalang
C.
Dhalang
karo mahasiswa
(Pacelathon kanggo pitakonan angka 16 -
19)
|
Alvian : “Sugeng siyang, Pak.”
Pak Slamet :
“Siyang, sapa iki?”
Alvian : “Alvian,Pak.”
Pak Slamet : “Oh... Alvian. Kok njanur gunung ana apa?”
Alvian : “Mangke
kanca-kanca XI nyuwun gladhi voli, Bapak saged ngancani boten?”
Pak Slamet :
“Jam pira?”
Alvian : “Tiga, Pak.”
Pak Slamet : “Jam 3 aku arep lunga. Sadurunge wae
ya. Aku bisa ngancani nganti jam 3”
Alvian : “Oh.. nggih, Pak. Nuwun.”
|
16. Adhedhasar pacelathon, Pak Slamet
minangka....
A.
TU D. guru olahraga
B.
guru
matematika E. satpam
C.
bapak
17.
Pacelathon
kasebut kadadeyan lumantar....
A.
tilpun D. twitter
B.
SMS E. facebook
C.
layang
18.
“Oh...
Alvian. Kok njanur gunung ana apa?”
Tembung
Njanur gunung padha tegese karo tembung....
A.
arep
ngapa D. gula aren
B.
kadingaren E. saben dina
C.
mesthi
19.
Adhedhasar
pacelathon, Alvian lan kanca-kanca apa sida gladhi voli?
A.
ora,
amarga pak Slamet mulang. D.
sida, ananging rada sore.
B.
ora,
amarga pak Slamet ora kersa ngancani. E.
sida, ananging rada awan.
C.
ora,
amarga pak Slamet boten saged.
20. Basa kang digunakake Alvian nalika
matur kaliyan Pak Slamet yaiku ....
A.
krama
Alus D.
krama desa
B.
krama
lugu E.
ngoko lugu
C.
ngoko
alus
II. Wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1. Coba jlentrehna apa wae perangane
sesorah!
2. Coba gaweya tuladha perangan wasana
ing sesorah!
3. Apa kang diarani wawancara kuwi?
4. Apa kang prelu digatekake nalika arep
nglampahi wawancara?
5. Gaweya pitakonan – pitakonan menawa
awakmu arep wawancarai bakul blanjan! Paling ora 5 pitakonan.
6. Apa sing komangerteni bab geguritan
gagrak lawas sebutke ciri – cirine!
7. Saka geguritan “Bu Nyai” apa tegese
tembung ing ngisor iki!
a.
Gusis
b.
Njrambah
c.
Ambeng
8. Tembung ingisor iki owahana nganggo
basa krama alus!
-
Kancane
Bapak, Pak Rahmat kuwi omahe cedhak karo omahe Gani.
9. Pak guru mundhut pirsa, “Rif, kowe wis
sida tuku buku Kabeh Seneng Basa Jawa?”
Wangsulane Arif : .....
10. Tutugna pacelathon ing ngisor iki!
Paling ora 5 guneman.
Afa :
“Bapak dereng kondur Bu?”
Ibu :
“durung, mau esuk sih ngendikane arep mampir apotik dhisik.”
Afa :
“Lho mundhut napa Bu? Sinten sing sakit?”
Ibu :
.........................................................................
J
Sugeng Makarya
J
I. Wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha (X) ing aksara A, B, C, D
utawa E kang dianggep
bener!
1.
Peranganing
sambutan kang isine ngaturake
panuwun saha nyuwun ngapunten menawa ana kekurangan sarta kaluputan anggone
matur iku diarani ....
A.
salam
pambuka D. purwakaning atur
B.
wigatosing
atur E. wasana
C.
pangajeng-ajeng
2.
Kula
kinten kirang wicaksana menawi atur kula kathah-kathah, pramila kula cekapi
sementen. Ukara kasebut kalebu perangan ing sesorah yaiku ....
A.
pambuka D.
wasana
B.
isi E. Purwaka
C.
purwakaning
atur
3.
“Puji
syukur langkung rumiyin sumangga kita aturaken dhumatheng Gusti ingkang Maha
Asih, awit saking paringipun rahmat saha berkahipun ....”. ukara kasebut kalebu
perangan tanggap wacana bab ....
A.
salam
pambuka D.
surasa basa
B.
purwaka basa E.
pangarep – arep
C.
wasana
basa
4.
Sing ora kalebu cak – cakane tanggap wacana yaiku ....
A.
ngadeg jejeg kanthi kapitayan D. ulat nyenengake
B. swara
kudu keseron utawa kelirihen E. wirama swara
kepenak dirungokake
C.
obahing salira prasaja nanging tumanja
Wacan
kanggo pitakonan angka 5 – 8
|
Tandangipun
Raden Gathutkaca kados sikatan nyamber walang. Piyambakipun kagungan Aji
Narantaka peparinganipun Resi Seta. Saged mabur tanpa elar amargi ngagem
kotang Antakusuma. Nalika miyos puseripun boten saged dipunkethok ngagem
gegaman napa kemawon. Puseripun namung saged dipunkethok ngagem warangka
Kunta Wijayandanu, nanging sasampunipun puser pedhot warangkanipun malah
mlebet ing puser. Gathutkaca dipunjeguraken Kawah Candradimuka, dipunkrocok
gegaman. Nanging nyolong pethek, Gathutkaca boten seda, malah cepet ageng.
Medal saking kawah sampun ngagem busana wesi, santosa otot kawat balung wesi.
|
5. Prastawa menapa ingkang njalari
Gathutkaca dipunwastani otot kawat balung wesi?
A. Saged mabur tanpa swiwi.
B. Saged mabur namung ngagem kotang
Antakusuma.
C. Puseripun namung saged dipunkethok
ngagem warangka senjata Kunta.
D. Dipunjeguraken ing Kawah Candradimuka
nanging boten seda.
E. Kagungan senjata kang aran
Wijayandanu.
6. Ukara ingkang boten trep adhedhasar
wacan ing nginggil inggih menika ....
A. Sasampunipun manjing Kawah
Candradimuka Gathutkaca tasih sugeng.
B. Gatuhutkaca saged mabur ngagem kotang
Antakusuma.
C. Puseripun Gathutkaca dipunkethok
ngagem warangka.
D. Sasampunipun manjing Kawah
Candradimuka Gathutkaca seda.
E. Gathutkaca dipunparingi Aji Narantaka
dening Resi Seta.
7. Dudutan ingkang saged dipunpendhet saking
wacan nginggil inggih menika ....
A. Gathutkaca seda sasampunipun manjing
ing Kawah Candradimuka.
B. Gathutkaca kuwi satriya ingkang sekti
mandraguna.
C. Gathutkaca putranipun Resi Seta.
D. Gathutkaca saged mabur ngagem Kunta
Wijayandanu.
E. Raden Gathutkaca grusa-grusu kados
sikatan nyamber walang
8. Tandangipun Raden Gathutkaca kados sikatan nyamber walang.
Ukara ingkang dipunserat kandel kuwi
tegesipun....
A. Grusa-grusu nalika tandang gawe
B. Ngatos-atos lan premati
C. Sembrana boten setiti
D. Brangasan nalika tumindak
E.
Trengginas boten aras-arasen
Wacan
kangge pitakenan angka 9 – 10
|
Resi Gotama menika kagungan garwa asmanipun Dewi
Windradi. Piyambakipun dipunparingi putra tiga inggih menika Anjani, Guwarsa lan Guwarsi.
Resi Gotama manggihi Anjani dolanan cupu manik, piyambakipun kaget amarga
cupu manik astagina menika kagunganipun Bathara Surya. Resi Gotama murka,
cupu manik astagina dipunwucal menyang alas lan nyemplung ing tlaga Mardida.
Guwarsan lan Guwarsi nyemplung ing tlaga madosi cupu manik, boten pikanthuk
malah lare kekalih dados kethek. Anjani ugi boten sadar piyambakipun raup
toya tlaga lan malih awujud kethek. Lare-lare menika wangsul nyuwun ngapunten
marang bapake. Resi Gotama paring wulangan kang surasane boten becik yen
rebutan menapa ingkang boten duweke piyambak.
|
9.
Sawise
nyemplung tlaga Mardida putrane Resi Gotama dadi....
A.
macan D. kethek
B.
sima
E. babi
C.
kucing
10.
Piweling
wacan kanthi irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku....
A.
ojo
urip rukun karo sedulur D. kedah kurmat marang tiyang sepuh
B.
rebutan barange liyan kuwi ora becik E.
urip kang prasaja
C.
karo
adhine boten kedah nakal
11.
Wakil saka penganten kakung amasrahae calon penganten
putri. Amasrahake kedadeyan saka tembung ....
A.
masrah D. masrahi
B.
serah E. pasrah
C.
apasrah
12.
Tembung pamengku gati kuwi tegese padha karo ....
A.
utusan D. wong sing duwe gawe
B.
kadang wredha E.
para tamu
C.
wredha muda
13.
“Dene wigatosipun anggen
kula sowan, nun inggih masrahaken penganten kakung pun bagus ARJUNA saperlu
kapanggihaken kaliyan nimas ayu Indah putri saking panjenenganipun Bp. Edy K
sekaliyan garwa.” Pratelan pasrah
penganten kuwi kalebu perangan ....
A. salam pambuka D. purwakaning atur
B. wigatosing atur E. pangajeng-ajeng
C. wasana
14. Adicara penganten kang nggambarake yen
penganten kakung bakal menehi nafkah penganten putri yaiku ....
A. ngidak tigan D.
dhahar walimah
B. krombongan E. kacar – kucur
C. sungkeman
15. Unen – unen kanggo nggambarake kahanan
kang endah utawa ngedab – edabi, kaya perangane awak kang endah, endahe alam,
endahae solah bawa,uga wong kang lagi nesu utawa duka diarani ....
A. panyandra D.
pasrah-tampi
B. geguritan E. parikan
C. sesorah
16. Tandange cukat kadiya kilat, kesit
kadiya thathit. Nadyan ta lambehane mblarak sempal, ananging yen njoged luwes
banget kaya merak kesimpir. Panyandra kuwi kalebu ....
A. tumrap perangane awak kang endah D. tumrap buta
B. tumrap solah bawa E.
tumrap alam
C. tumrap waong kang lagi nesu
17.
Waspa kumembeng jroning kalbu yaiku candrane ....
A.
mangsa kapisan D. mangsa kapat
B.
mangsa kapindho E.
mangsa kalima
C.
mangsa katelu
18.
Candrane warna ijo yaiku ....
A.
lir bethet sayuta D.
kaya podhang areraton
B.
kaya kontul neba E.
kaya alas kobong
C.
kaya gagak areraton
19.
Kupatan salah siji tradhisi kang ana ing kutha Kudus.
Tradhisi iki ditindhakake sawise wong Islam nidakake pasa sawulan ing wulan
pasa. Tradhisi kupatan katindakake nalika wulan ....
A. Pasa D.
Sura
B.
Syawal E.
Mulud
C.
Besar
20.
Upacara iki dianakake nalika bocah bayi nembe pupak
pusere yaiku watara umur patang dina nganti sangang dina. Minangka wujud sukure
wong tuwane banjur ngundhang tangga teparo saperlu ndonga kanthi cara maca barjanji
lan bayi dipangku naganti sawengi. Upacara tradisi kasebut diarani ....
A. tedhaksiten D.
ambalwarsa
B. puputan
E.
selapanan
C.
mitoni
II. Wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1.
Apa kang kudu digatekake nalika sambutan? Sebutke 3 wae!
2.
Apa wae rantaman sambutan kuwi?
3.
Gaweya tuladha pambuka/purwakaning atur sambutan!
4.
Apa ancase sambutan ing adicara pawiwahan penganten?
5.
Apa tegese tembung ing ngisor iki!
a.
Wasita adi
b.
Prayoga
c.
Kenya
6.
Sebutke kanthi runtut Punakawan kuwi sapa wae!
7.
Coba critakake cekak wae cerita Sumantri Ngenger!
8.
Sebutna tuladha candrane solah bawa! 3 wae!
9.
Sebutna apa panyandrane perangan awak ing ngisor iki:
a.
bathuk
b.
bangkekan
10.
Owahana
ukara ing ngisor iki kanthi unggah-ungguh kang trep!
-
Amarga
Ibu lara, Bapak ora sida lunga menyang Jakarta.
J Sugeng Makarya J
Tidak ada komentar:
Posting Komentar