Materi Pembelajaran Kelas X



 
Wara - Wara
Ing pasrawungan para siswa mesti kerep krungu tembung pengumuman utawa wara – wara. Wara – wara yaiku informasi kang katujokake kanggo khalayak umum. Lumrahe wara – wara kuwi nduweni sifat kang blak – blakan, tembung kang digunakake ing wara – wara kuwi sifate teknis, yaiku tembung kang gampang dingerteni utawa dipahami.
Kang baku ana ing sajroning wara – wara yaiku kanggo sapa, isine apa, lan saka sapa.

Dene perangane wara – wara kang umume yaiku :
1.    Irah – irahan
2.    Adangiyah/salam taklim
3.    Pambuka
4.    Surasa
5.    Wasana
6.    Panggonan lan titi mangsa
7.    Paprenah utawa jabatan
8.    Tapak asma
9.    Asma terang

Manut sipate, wara – wara kaperang dadi 2, yaiku :
a.    Resmi, yaiku wara – wara kang digawe kanthi resmi dening instansi, organisasi, utawa perkumpulan.
Ciri – ciri wara – wara kang resmi yaiku :
1.    Migunakake tembung – tembung kang baku
2.    Saben ukara ing wara – wara migunakake makna utawa teges kang lugas (apa anane)
3.    Ukarane jelas utawa cetha lan efektif
4.    Mingunakake tembung wara – wara kanthi eksplisit (langsung)
5.    Menehi tanggal lan panggonan ana ing ngendi wara – wara iku digawe.
6.    Menehi jeneng (asma terang) lan tandha tangan (tapak asma) sing nggawe wara – wara.



Tuladha :
Wara – Wara
          Magepokan karo kegiyatan akhir semester ganjil taun pelajaran 2016/2017 lan jumbuh karo isi kalender pendidikan, mula dibiwarakake marang siswa menawa
1.     Libur semeser ganjil taun pelajaran 2016/2017 kawiwitan tanggal 2 – 15 Januari 2017
2.     Sajroning liburan siswa kapasrahake marang wong tuwane dhewe – dhewe ing dalem
3.     Kanggo ngisi wektu liburan, siswa diparengake nganakake kegiyatan positif sing ana sesambungane karo kegiyatan sekolahan, nanging sadurunge kudu entuk pangestu saka wong tuwane dhewe – dhewe lan idin saka sekolahan.
Cukup semene wara –wara saka sekolahan muga – muga kabeh padha ngestokake.
                                                                                                
                                                                                                   Kudus,10 Desember 2016
                                                                                                                    Kepala Sekolah

                                                                                                                    H. Harjito, M. Pd.

b.    Ora resmi, yaiku wara – wara kang digawe dening sawijining pawongan ora kaiket dening patokan – patokan tertemtu.
Tuladha :
Lelayu
Innalillahi Wainnalillahi Rojiun
Assalamualaikum wr wb
Ngaturi uninga bilih kala dinten Selasa Paing surya kaping Juni 2017, wanci jam 04.15 sampun katimbalan sowan wonten ngarsanipun Allah SWT
Bapak Sumitro
Yuswa 80 tahun
Jenazah badhe dipunsarekaken wonten pasareyan Siti Inggil
Dinten : Selasa paing
Jam : 14.00 WIB
Bidhal saking griya dhuhkita Jl Satriya Mudha No. 57
Mbok bilih nalika sugengipun almarhum hanggadhahi kelepatan dhateng panjenengna sedaya kulawarga nyuwunaken pengapunten
wassalamualaikum wr wb
ingkang nandhang sungkawa
Siti Khasanah (garwa)
Sugeng Haryanto (putra)
Slamet Haryanto (putra)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar