Senin, 31 Oktober 2016

MID Gasal 2016/2017

kelas X I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha (X) ing aksara A, B, C, D utawa E kang dianggep bener! 1. Wara – wara kaperang dadi loro, yaiku .... A. Kedinasana lan ora D. resmi lan resmi lan ora resmi B. dinas lan resmi E. kedinasan lan santai C. resmi lan santai Wacan kangge mangsuli pitakenan angka 2 - 6 LOMBA CIPTA LAN MACA GEGURITAN PIALA GUBERNUR JAWA TIMUR TINGKAT SMA/SMK/MA/MAK Biro Mental Spiritual Pemprov jatim beberengan karo Mjalah Panjebar Semangat nganakake lomba ngripta lan maca geguritan kanggo siswa tingkat SMA/SMK/MA/MAK se – Jawa Timur ngrebut piala Gubernur Jawa Timur lan bebana juara 1 Rp 3.000.000,00, juara 2 Rp 2.000.000,00, juara 3 Rp 1.000.000,00 sarta juara harapan 1 lan 2 siji – sijine nampa Rp 500.000,00. Seleksi tahap I, asil karya geguritan dikirimake marang Panitia Lomba Baca Cipta Puisi Jawa wiwit wara – wara iki diumumke lan ditutup tanggal 15 November 2016. Nenawa lolos tahap I, peserta bakal diundang maca geguritan ing ngarepe dewan juri ing tanggal 22 November 2016. Syarat melu lomba, siswa SMA/SMK/MA/MAK ing Jawa Timur, naskah ali karyane dhewe, dudu terjemahan, sadhuran, utawa njupuk ide saka karya sing wis tau ana, durung tau dipacak ing koran utawa majalah, nahkah dikirim menyang panitia Redaksi Panjebar Semangat Jl. GNI No. 2 Surabaya 60174, ing pojok kiwa dhuwur amplop ditempeli kupon lomba. 2. Wara – wara kasebut ngemot bab .... A. lomba cipta lan maca geguritan tingkat SD B. lomba maca geguritan se Jawa Timur C. lomba maca geuritan tingkat SMA/SMK/MA D. lomba cipta lan maca tingkat SMA/SMK/MA/MAK E. lomba maca geguritan sa Jawa Tengah 3. Sing nganakake lomba kasebut yaiku .... A. Biro mental spiritual lan panitia baca cipta geguritan Jawa B. Gubernur Jawa Timur lan kalawarti Panjebar Semangat C. Biro mental spiritual pemprov jatim lan kalawarti Panjebar Semangat D. Panitia lomba baca cipta geguritan lan kalawarti panjebar semangat E. Gubernur Jatim lan panitia lomba baca cipta baca geguritan se Jatim 4. Penutupan lomba yaiku .... A. 15 November 2015 D. 22 Oktober 2016 B. 15 November 2016 E. 12 November 2016 C. 22 November 2016 5. Ing ngisor iki syarat – syarat melu lomba, kejaba .... A. siswa SMA/SMK/MA/MAK ing Jawa Timur D. ora njupuk saka karya kang wis ana B. naskah ali karyane dhewe E. karyane liyan C. durung tau dipacak ing koran utawa majalah 6. Gunggunge bebana sakabehing ana .... A. Rp 3.000.000,00 D. Rp 2.000.000,00 B. Rp 1.000.000,00 E. 7.000.000,00 C. Rp 500.000,00 7. Wara – wara kang surasane bela sungkawa diarani .... A. brosur D. Iklan B. lelayu E. majalah C. sayembara 8. Menyang kutha tuku clana, kurang dhuwit ora sida Piwelingku mring pemudha, ................................... Ukara kang paling trep kanggo njangkepi parikan ing dhuwur yaiku .... A. sing padha sregep adang sega D. yen ra mantuk digawa lunga B. sing ajeg anggone rekasa E. ngajenana mring wong tuwa C. ora prelu urip sing neka – neka 9. Pitik walik saba kebon, tiwas nglirik ra kelakon. Parikan kuwi dumadi saka .... A. 4 wanda + 4 wanda D. 4 wanda + 8 wanda B. 4 wanda + 5 wanda E. 8 wanda + 8 wanda C. 4 wanda + 6 wanda Pacelathon kangge mangsuli pitakenan angka 10 – 13 Radit : “Sugeng siyang, Pak Giono….” Pak Giono : “Owalah… Radit. Kok njanur gunung dolan mrene?” Radit : “Mekaten, Pak. Kula namung badhe ngaturi pirsa bilih Rian putranipun Bapak kaliyan Barga kala wau dhawah saking motor. Samenika piyambakipun wonten ing griyanipun Mas Arkha. Pak.” Pak Giono : “Astagfirullah, Ya wis aku tak nyusul mrana. Matur nuwun ya wis menehi ngerti. Kowe baliya sik” Radit : “Inggih, Pak. Sami-sami. Menawi mekaten, kula pamit rumiyin badhe ngaturi pirsa dhateng Bapakipun Barga.” 10. Owalah… Radit. Kok njanur gunung dolan mrene?”. Janur gunung batangane .... a. golek D. aren b. kembang aren E. kadingaren c. aja lali 11. Pacelathon ing nginggil ngrembag babagan menapa? A. Ngaturi pirsa bilih putranipun Pak Giono samenika numpak motor. B. Radit ngaturi pirsa dhateng bapakipun Arkha wonten ing griyanipun Barga. C. Radit ngaturi pirsa dhateng bapakipun Giono bilih Rian kaliyan Radit tiba saka motor. D. Radit ngaturi pirsa bilih putranipun Pak Giono, Rian samenika wonten ing griyane Mas Arkha amargi dhawah saking montor. E. Pak Giono ngaturi pirsa dhateng bapake Barga bilih Rian tiba saka motor. 12. Pacelathon ing nginggil kadadosan wonten ing …. A. dalemipun pak Giono D. bengkel montor B. dalan ngarep omahe Barga E. griyane Barga C. griyanipun Mas Arkha 13. Miturut pacelathon ing inggil, prastawa pundi ingkang leres? A. Bapake Giono dereng ngertos bilih putrane dhawah saking motor. B. Putrane Pak Giono karo Barga samenika wonten ing griyane Mas Arkha. C. Rian boten dhawah saking motor amargi nembe ngaturi pirsa Pak Giono. D. Pak Giono tindak dhateng griyane Radit supaya kepanggih karo Rian. E. Pak Giono boten purun manggihi Rian. 14. Ukara ing ngisor iki kang basa krama alus yaiku .... A. Bu, kula nyuwun arta satus wae B. Supaya luwih gamblang becike panjenengan kesah mriki C. menawi panjenengan kersa, kula aturi pinarak rumiyin D. Sampeyan arep tindak ngendi kok sajake kesusu E. Saben enjang kula siram ngagem toya anget 15. Bapak menawi tindak kantor ... sepedha montor, menawi kula ... sekolah cekap mlampah. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku .... A. numpak – mangkat D. nitih – tindak B. numpak – tindak E. nitih – kesah C. nitih – lunga 16. Ukara ing ngisor sing nggunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku… A. Mas kula badhe kondur rumiyen amerga kula nembe gerah. B. Kula badhe siram rumiyen, supados ben nora ngantukan. C. Bapak kula nembe siram saklajengipun badhe maos koran D. Pak panjenengan badhe muleh jam pira? E. Ibu lan embah putri kula lara kadhasen lan panunen. 17. Ukara ing ngisor sing nggunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku… A. “Pakdhe Musiran ora gelem mangan Mas…” B. “Mas Jarot bok panjenengan ngombe teh dhisik ta…” C. “Ayo kanca-kanca padha nyemplung bareng ning kolam.” D. “Mbak Sri tulung kula ditumbaske obat, amerga kula gerah.” E. “Bapak Sujito wis turu porung Mas?” 18. Ibu kalawau enjang sampun maringi unjukan ning bapak. Krama inggile tembung ‘maringi’ yaiku… A. nyukani D. nyaosi B. ngekei E. nugasi C. ngurusi 19. Ibu kalawau enjang sampun tangi. Krama inggile tembung ‘tangi’ yaiku… A. mungu D. wungu B. ngungu E. ngulu C. nuru Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 20 – 21 Tumpeng ing ritual adat Jawa kebak ing simbol lan nggambarake makna kauripan. Sega putih lan lawuh iku ngandhut makna, yaiku sega putih kang wujude kaya gunungan iku nglambangake tangan kang nyembah ing Gusti. Sega putih uga nglambangake samubarang kalir kang dipangan, dadi getih lan daging kudu dipilih saka sumber kang resik lan halal. Gunungan uga bisa ditegesi minangka pangajab supaya karaharjaning urip manungsa samsaya munggah dhuwur. 20. Bentuk tumpeng kang kaya gunungan duweni teges .... A. warna putih samubarang kang resik lan halal D. samubarang kalir kang dipangan manungsa B. pangajap karaharjaning urip manungsa E. bisa munggah dhuwur gunungan C. urip rukun ing bebrayan 21. Wose wacan ing duwur yaiku .... A. wong jawa seneng gawe tumpeng D. wujud tumpeng kaya gunung B. tumpeng kebak simbol lan makna kauripan E. tumpeng saka sega putih kang resik lan halal C. tumpeng ing acara ambal warsa Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 22 - 23 Tedhak siti yaiku slametan kanggo putra – putri sing wis ngancik umur 7 wulan, sebab ing umur samono mau bocah wiwit bisa ngadheg lan tuntunan, sarta sing rancag malah wis ditetah (diajari mlaku). Ubarampe kang ora kena lali yaiku kembang setaman manca warna kanggo nyepaki nini among lan kaki among, uga kanggo nyawisi kakang kawah sarta adhi ari – ari. Kembang mau disajekake ing cedhake panggonan upacara lan aja lali senthir kang disumet ing cedhake kembang setaman mau sarta sapu gerang kang didelikake malik lan pucuke ditancepi brambang bawang, laos, lan kunir serta bongkote sere lan dlingo bengle. Uga aja nganti keri dom sing wis dislundupi benang lan kacang ijo sarta cuwilan pengilon. 22. Ubarampe kang ora ana ing upacara tedhak siti yaiku .... A. gelang D. sapu gerang B. kembang setaman E. brambang bawang C. laos lan kunir 23. Tedhak siti yaiku upacara kanggo .... A. bocah sing nembe ajaran mlaku D. bocak kang arep supitan B. bocah kang nembe lair E. bocah umur 7 dina C. bocah umur selapan Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 24 - 27 Setunggal minggu sasampunipun dinten Riyaya, nalika tanggal 8 Syawal, ing Pekalongan limrahipun ngawontenaken Tradhisi Syawalan ingkang dipunwastani Tradhisi Lopisan. Lopis dipundamel saking ketan, wujudipun bunder. Wiyaripun kirang langkung 150 cm, dene bobotipun 185 kg. Tradhisi kuwi diwontenakan dening warga Krapyak. Ing adicara kuwi lopis dipuniris dening Walikota Pekalongan saperlu badhe dipundumaken dhumateng para warga ingkang sampun rawuh. Minangka panyandra, ketan nggadhahi teges raket. Ateges warga Pekalongan nalika padha kumpul bebasan raket kaya pulut. 24. Irah-irahan kang jumbuh karo wacan ing dhuwur yaiku.... A. Walikota Pekalongan Ngiris Lopis D. Warga Krapyak Guyup Rukun B. Pengetan Tanggal 8 Syawal E. Carane Ndamel Lopis C. Tradhisi Lopisan Kutha Pekalongan 25. Kenang ngapa kudu dianakake tradhisi lopisan? A. supaya warga Pekalongan bisa sadeyan Lopis. B. supaya wong Pekalongan bisa damel lopis piyambak-piyambak. C. supaya wong Pekalongan bisa gesang raket guyup rukun. D. supaya wong Pekalongan bisa kepanggih kaliyan Walikota. E. supaya wong Pekalongan bisa dhahar lopis ingkang sampun dipuniris dening Walikota. 26. Ateges warga Pekalongan nalika padha kumpul bebasan raket kaya pulut. Tegese ‘raket kaya pulut’ ing ukara yaiku.... A. warga Pekalongan padha kumpul, banjur padha dhahar bebarengan. B. warga Pekalongan padha kumpul, terus padha guyup rukun. C. warga Pekalongan metugi perkara dirembug bebarengan. D. Warga Pekalongan padha nduweni rasa rikuh lan pekiwuh. E. Warga Pekalongan padha ngurmati wong liya. 27. Kapan Lopisan dianakake? A. nalika dina riyaya kaping loro. D. Nalika minggu ing dina riyaya. B. nalika dinten riyaya kaping pitu. E. Seminggu sadurunge riyaya. C. tanggal 8 syawal, seminggu sawise riyaya. Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 28 - 29 Badha samenika kula sakulawarga badhe tindak mudhik menyang daleme simbah ing Kaloran, Temanggung. Saking Semarang amung kalih jam perjalanan. Senen dalu ing lataripun Simbah, kathah mercon werna werni disumet mbledhos ing langit. Dinten Selasa, kula kaliyan adhi kula badhe pit – pitan. Ing margi kula ningali pemandangan ingkang kathah kabut, wonten kali kathah bebek nglangi. Amargi kepengin ningal bebek kala wau kula mlampah cedhaki nanging boten ngertos wonten plastik kula dados kpleset lan njegur wonten lepen. Adhi kula gumujeng ngantos kepingkel – pingkel. 28. Sapa wae kang dicritakake ana ing cerita pengalaman ing dhuwur? A. Aku, simbah, lan adhi D. aku, adhi, lan bapak B. Aku, bapak, ibu, adhi, lan simbah E. aku, pakdhe, simbah, bapak, lan ibu C. Pak dhe, aku, lan bapak 29. Cerita pengalaman kasebut kagolong pengalaman sing .... A. Seneng D. lucu B. Sedhih E. nelangsa C. Bungah 30. Piwulang apa kang bisa dijupuk saka cerita pangalaman kasebut? A. Kudu sregep pit – pitan kanggo jaga keasarasan D. Aja lali karo simbah sing adoh daleme B. Kudu ngati – ati/aja sembrana olehing tumindak E. Aja tumindak sakepenake dhewe C. Kudu kurmat marang wong kang luwih tuwa II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener! 1. Gaweya wara – wara kang isine bab kagiyatan ekstrakurikuler ing sekolahmu! 2. Jangkepi parikan ing ngisor iki! a. Awan awan, mangan tahu karo ngopi ................................................................ b. ................................................................ Dadi murid, kudu kurmat marang guru 3. Ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama alus a. Mau esuk aku weruh bapak numpak montor karo pakdhe. 4. Sebutna 5 tuladha kabudayan Jawa ing dhaerahmu dhewe – dhewe! 5. Sebutna apa wae ciri – ciri ringkesan kang apik!

Senin, 22 Agustus 2016

Geguritan




Ambengan Sega Kuluban



Ambengan sega kuluban dieler ing tampah

Diladekake ing pasamuwan

Direncah bebarengan, kroyokan, rebutan



Ambengan sega kuluban

Ora ana sing ngerti duweke sapa

Kejaba dadi pangane para wayang, para dhalang

Sing lagi lungguh methingkrang



(kidang lan truwelu, kinjeng lan kupu

Mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu)



Ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta

Mung kari tampah ngganda amis, angganda amis

Banjur kanggo bal-balan para buta!

Bledheg Segara Kidul

Turiyo Ragilputra

                                                                                                Ambal Kebumen, Januari 2003